Carane Gawe Krupuk Rambak Lele
Iwak lele iku salah sijine jinis iwak sing kerep banget
ditemokake ing sekitare awake dhewe. Nanging saka segi pengolahan isih sithik
banget jinise. Paling-paling mung digawe lele bakar utawa goring thok. Ing
ngisor iki bakal dijlrentrehake kepiye carane ngolah iwak lele supaya bisa
luwih menarik lan saya disenengi masyarakat. Salah sijine yaiku digawe krupuk
rambak lele.
Bahan-bahan sing digunakake :
Bahan-bahan sing digunakake :
- 1 kg Kulit lele
- 250 gr Bawang
- 125 gr uyah
- 1 sdm injet
- 1 ltr Minyak goreng
- 2 ltr banyu
Carane gawe krupuk rambak
lele:
- Campurna injet kari 1 liter banyu putih, banjur diudhak nganti injete ajur lan nyampur karo banyu.
- Kulit lele dikum ing banyu kapur kurang luwih 5-10 menit. Banjur kulit lele dikumbah nganti resik.
- 1 liter banyu kapur sing wis disisihake mau banjur digodhog nganti umup. Sawise umup banjur disuntakake ing kulit lele, ditambah bawang lan uyah, banjur diudhak nganti kabeh rata.
- Kulit lele sing wis dikom karo banyu kapu, bawang lan uyah mau dikum nganti bumbu-bumne mresep utawa kurang luwih 2-3 menit.
- Sawise bumbu-bumbu mresep ing kulit lele, banjur dintas supaya atus.
- Sawise kulit lele atus, banjur dipeme nganti garing kurang luwih sedina.
- Yen kulit lele wis garing, kulit lelebanjur digoreng nganggo lenga panas nganti rada ngembang lan mateng.
- Krupuk rambak lele wis bisa disajekake.
Tips supaya hasil olahan luwih apik :
- Luwih apik maneh yen iwak lele sing arep diolah kuwi mau iwak lele sing wis nduweni bobot kurang luwih 1 kg supaya hasil olahane luwih apik.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar