Teks Piwulang
Serat Wulangreh Pupuh Gambuh
PURWAKA
Tembang macapat yaiku salah
sawijining karya sastra Jawa asil olah pikirane masyarakat ing jaman mau kang
ngandhut akeh piwulang luhur. Tembang macapat mau katulis ing jroning serat
utawa kitab kayata, Serat Wulangreh, Serat Wedhatama, Serat Tripama, lan
sapiturute. Ana sewelas jinis tembang macapat. Saben tembang kuwi mau nduweni karep
dhewe-dhewe kang nggambarake uripe manungsa wiwit saka isih ana ing jero
wetenge ibune nganti tekane pati.
Sakehe tembang macapat kang ngandhut
piwulang luhur kuwi mau wis dadi wajibe kita kanggo nglestarekake utawa
saora-orane mangerteni isine supaya kita bisa nuladhani piweling-piweling luhur
kang kakandhut ing jerone. Mula ayo padha nyinau bab piwulang luhur sajrone
tembang macapat Gambuh ing Serat Wulangreh, sokur gage kita bisa menehi
kontribusi marang bangsa lan negara sawise mangerteni isine Serat Piwulang
kasebut.
A. Nepungi Serat Wulangreh
Serat Wulangreh kaserat dening Sri
Susuhunan Pakubuawana IV lan saiki kasimpen ana ing Museum Radya Pustaka
Surakarta. Wulangreh dumadi saka rong tembung, yaiku tembung “wulang” kang nduweni teges piwulang
utawa pitutur utawa ajaran, lan “reh” kang
tegese dalan utawa laku. Serat Wulangreh yaiku Serat kang isine bab ajaran
utawa piwulang kanggo nggayuh laku kang becik sajrone panguripan.
Serat Wulangreh iki surasane babagan
piwulang etika tumrap manungsa kang ideal kang dadi paugeran urip ing
masyarakat Jawa. Manungsa urip ing donya iki kudu tansah waspada marang owah
gingsiring jaman lan kudu ngadohi watek kang adigang, adigung, adiguna. Kepriye
carane nemtokake guru kang sejati, lan kepriye carane ngabekti marang wong
tuwa. Kepiye carane mujudake rasa urmat marang wong tuwa, guru, raja, lan
manungsa sapada-pada.
Tembang Jawa
Tembang Jawa kaperang dadi 2 yaiku
tembang Yasan/Miji lan tembang Para
1. Tembang
Yasan/ Miji : yaiku tembang kang
kaiket dening paugeran tartamtu yaiku guru gatra, guru lagu lan guru wilangan.
Tembang yasan ana 3 yaiku :
a) Tembang
gedhe/ sekar Ageng
Yaiku salah sijine
tembang jawa klasik kang isih migunakake tembung jawa kuna lan biasane
ditembangake kanggo ngiringi pagelaran wayang-wayang purwa. Tuladhane tembang
gedhe yaiku : Citramengeng, Kusumastuti,
Mintajiwa, Pamularsih
b) Tembang
tengahan
Basa kang digunakake ing
tembang tengahan iki kagolong luwih modern katimbang tembang gedhe. Tembang
tengahan akeh katulis ing buku kidung lan digunakake kanggo ngandharake
kadadeyan jaman biyen. Ana sumber kang ngandharake menawa tembang tengahan iku
migunakake basa Jawa tengahan. Tuladhane tembang tengahan yaiku : Balabak,
Wirangrong, Dudukwuluh, Jurudemung, Rara Bentrok, lan sapanunggalane.
c) Tembang
cilik/ Sekar Alit
Tembang cilik utawa sekar
alit yaiku tembang macapat. Tembang macapat kaperang dadi 11 kang nggambarake
lakune manungsa wiwit saka isih ana ing jero weteng nganti tumeka pati. Kang
klebu tembang macapat yaiku :
Ø Maskumambang : saka tembung kemambang, nggambarake nalika
manungsa isih ana ing jero wetenge ibune
Ø Mijil : Mijil tegese lahir, yaiku nalika manungsa
lahir ana ing donya.
Ø Sinom : saka tembung isih enom. Tegese
nggambarake manungsa kang umure isih remaja
lan nduweni semangat kanggo nggayuh cita-cita
Ø Kinanthi : saka tembung kanthi kang tegese tuntun.
Tegese nalika manungsa isih enom iku butuhake tuntunan lan bimbingan supaya ora
keblinger lan salah anggone mlaku lan njupuk keputusan nalika lagi nggoleki
jati dirine
Ø Asmaradana
: Nggambarake nalika manungsa wis mulai ngrasakake nandang asmara utawa
kasmaran
Ø Gambuh : saka tembung jumbuh, yaiku nggambarake
nalika manungsa kang kasmaran wis nemokake pasangan kang cocok utawa jumbuh
karo apa sing dikarepake supaya bisa urip bebrayan salawase.
Ø Dhandhanggula
: nggambarake uripe manungsa kang wis
urip bebrayan, lan wis kasembadan apa sing dikarepake. Upamane, gawean kang
mapan, rejeki kang cukup, anak-anak kang nerusake garis keturunane, nggawe
bungah lan bombong atine.
Ø Durma : Saka tembung darma utawa sedekah. Wong
kang wis ngrasakake mulya lan cukup uripe, mula diwajibake supaya sedekah utawa
weweh marang sapada-pada.
Ø Pangkur : saka tembung mungkur. Tegese yaiku
nyingkiri hawa nepsu, wewatek ala, lan kabeh kang sipate isih kadonyan. Sing
ana ing pikirane namung ngakehi ngibadah supaya bisa luwih cedhak marang sing
gawe urip.
Ø Megatruh : saka tembung “pegat(pedhot)” lan “ruh”.
Tegese nggambarake nalika manungsa wis katimbalan sowan marang Sing Kuwasa
utawa mati.
Ø Pocung : nggambarake nalika manungsa wis mati, wis
dadi mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sadurunge dikubur.
2. Tembang
Para : yaiku tembang jawa kang
nduweni paugeran kang prasaja (biasa lan ora akeh aturan utawa pathokan), ora
manut marang paugeran kang ketat, nanging tetep ana guru gatra lan guru lagu
kanggo nyiptakake kaendahan tembung. Tuladhane yaiku geguritan.
Pupuh lan Pada Sajrone Serat
Wulangreh
a.
Pupuh
Pupuh
yaiku kumpulane tembang Jawa kang nduweni paugeran tartamtu. Upamane pupuh
megatruh, mesthi kabeh tembang sajrone pupuh megatruh kui mau mesthi nduweni
guru gatra, guru lagu lan guru wilangan kang padha. Sajrone Serat Wulangreh
kadhapuk ana 13 pupuh.
b.
Pada
Pada
yaiku cacahe tembang saben sapupuh, utawa diarani bait tembang. Jumlahe saben
sapupuh ora padha, gumantung saka pengarange.
Sajrone Serat Wulangreh cacahe ana 282 pada kang kasebar ing pupuh –
pupuh kaya ing ngisor iki.
·
Dhandhanggula : 8 pada
·
Kinanthi :
16 pada
·
Gambuh :
17 pada
·
Pangkur :
17 pada
·
Maskumambang : 34 pada
·
Megatruh :
17 pada
·
Durma :
12 pada
·
Wirangrong :
27 pada
·
Pocung :
23 pada
·
Mijil :
26 pada
·
Asmaradana :
28 pada
·
Sinom :
33 pada
·
Girisa :
25 pada
Kawruh Basa
Sengkalan
Yaiku
unen-unen utawa tembung pepaten utawa gambar utawa wewujud lan nemu teges
angkaning tahun. Sengakalan biasane nuduhake taun ing wangunan, prasasti, utawa
serat. Manawa ing Serat Wulangreh iku sengkalane wis kanton kanthi gamblang ing
pada mburi dhewe. Ananging ana uga para pujangga kang nulis sengkalan taun
kanthi tersirat, tuladhane nalika nulis taun 1933 katulis kanthi ukara “Gapura
Trus Gunaning Janmi”.
Carane
maca sengkalan yaiku saka perangan mburi. Saben tembung ing sengkalan ngemu
makna angka. Gapura (3), Trus (3), Gunaning (9), Janmi (1). Banjur diwaca saka
mburi dadi 1933.
Sandiasma
Nalika
gawe tembang uga bisa menehi sandiasma. Sandiasma yaiku jeneng sing disingidake
ing sajrone tembang. Jeneng kang disingidake iku jenenge kang nganggit sing
dipisah wandane lan sinamur ana ing gatraning tembang. Tuladhane kajupuk saka
Serat Witaradya anggitane Ranggawarsita katulis “Raden Ngabei Ronggawarsita”
ing saben wiwitan gatra.
B. Nemtokake Paugerane Tembang Gambuh
Paugeran yaiku aturan kang ngiket
panulisane tembang macapat. Paugerane tembang macapat iku ana 3 yaiku :
1) Guru
Gatra : yaiku cacahe gatra/
larik/ baris saben sapada/ sabait.
2) Guru
lagu : yaiku tibaning swara
(a, i, u, e, o) ing wanda (suku kata) pungkasang ing saben gatra/ larik/ baris
3) Guru
wilangan : yaiku cacahe wanda (suku
kata) saben sagatra.
Gatekna
tembang macapat ing ngisor iki kanthi setiti!
Aja turu sore kaki gatra
1, guru lagu i, guru wilangan 8 (8 suku kata)
Ana dewa nganglang jagad gatra
2, guru lagu a, guru wilangan 8 (8 suku kata)
Nyangking bokor kencanane gatra 3, guru lagu
e, guru wilangan 8 (8 suku kata)
Isine donga tetulak gatra
4, guru lagu a, guru wilangan 8 (8 suku kata)
Sandhang lawan pangan gatra
5, guru lagu a, guru wilangan 6 (6 suku kata)
Yaiku bageyanipun gatra
6, guru lagu u, guru wilangan 8 (8 suku kata)
Wong melek sabar narima gatra
7, guru lagu a, guru wilangan 8 (8 suku kata)
Tembang
ing ndhuwur nduweni paugeran, 8i, 8a, 8e,
8a, 6a, 8u, 8a dumadi saka 7 gatra.