Limbah Batik
Sekitar 50% usaha batik ing wilayah Desa Pilang durung kahubung karo Instalasi Pengelolaan Air Limbah (IPAL) kang ana ing wilayah kasebut. Pemerintah desa ing kono wis negesake menawa wis ngejokake bantuan dana kanggo pembangunan IPAL.
Kades Pilang, Suwanto ngandharake yen ing wilayahe ana sekitar 40 usaha batik wiwit batik tulis, batik cap, lan batik printing. Usaha-usaha batik mau kasebar ing kabeh dhukuh ing Desa Pilang. “Pengusaha ing kene saya suwe saya tambah. Malah-malah kadang nom-noman saiki akeh sing padha melu nerusake usahane wong tuwane,” kandhane nalika ditemoni ing kantore, Rebo 8 Januari 2014. Suwanto nerangake, saka puluhan usaha kasebut, ana watara rongpuluhan usaha batik kang wis kahubung karo IPAL terpadu. Pembangunan IPAL mau dibiayai dening Kementrian Lingkungan Hidup lan mulai difungsekake wiwit 2013. “IPAL kuwi nyakup pengrajin kang ana ing Dhukuh Pilang Lor, Pilang Tengah lan Pilang Kidul,” kandhane.
Wondene, usaha batik ing dhukuh liyane kaya dhukuh Jati, lan jantran nganti saiki isih nindakake pencemaran lingkungan kanthi ngguwak limbah ing lingkungan, kaya ing kalenan, sawah, lan kali Bengawan Solo. “Awake dhewe iki lagi arep ngupayakake oleh bantuan saka Kementrian Lingkungan Hidup. Iki lagi nyiapake papan kanggo mbangun IPAL kang diusahakake papan kasebut ora ana masalah karo warga sekitar utawa pemerintah.”
Suwanto ngandharake menawa pembangunan IPAL kanthi cara swadaya angel dileksanakake. Amarga ragat kanggo mbangun sa-IPAL iku nganti atusan yuta rupiah. Tur maneh papan panggonan saben-saben usaha saka panggonan IPAL iku lumayan adoh.
Disenggol bab cara liya kanggo nyegah pencemaran lingkungan amarga limbah batik, Suwanto ngandharake menawa wis ana imbauwan marang pengusaha batik babagan nggunakake pewarna sing alami. Ananging, nganti saiki sing gelem nggunakake pewarna alami isih isa diitung nganggo driji. “Pancen durung kabeh sing gelem nganggo pewarna alami. Beda karo tuku obat pewarna sing instan amarga bisa langsung digunakake. Wondene yen nganggo pewarna alami, isih kudu golek bahan liya-liyane lan kudu diolah dhewe”, kandhane.
Salah sawijining pengusaha batik saka Jantran, Krisni, nuturake yen dheweke wis nggunakake pewarna alami saka bahan kayu teger. Ananging dheweke uga isih nggunakake pewarna kimia. “Pewarna kimia iku luwih nguntungake amarga proses pewarnaan bisa luwih cepet. Nggunakake pewarna alami iku pancen luwih murah, nanging yen kudu ngoyak target aku ora bisa nggunakake pewarna alami amarga prosese iku luwih suwe.” Krisni uga ngaku yen nganti saiki usahane durung kehubung karo IPAL lan isih ngguwak limbah ing kalen.
Aku tertawa bukan berarti hidupku sempurna. Aku tertawa karena ini wujud rasa syukurku kepada Tuhan yang telah memberikan segalanya untukku | just an ordinary girl |
Rabu, 19 Februari 2014
Wacan Bab Kasarasan
Nggalake Kerjabakti Kanggo Njaga Lingkungan
Ngancik mangsa rendheng tahun iki, kanggo nyegah tekane wabah penyakit sing mbebayani Pemerintah Kecamatan Sukorejo, Ponorogo nggalakake kegiyatan kerjabakti resik-resik desa kanggo njaga karesikan lingkungan dan kasarasan wargane.
Pamarentah nyadhari menawa lingkungan kang reget iku bisa nekakake penyakit. Apa maneh ing mangsa rendheng. Penyakit sing mbebayani kaya DBD lan diare bisane cepet banget nyerang marang awak kang ringkih.
Apa maneh yen lingkungan sakiwa tengen omah reget lan kumuh.Malah-malah saiki ana penyakit anyar sing mbebayani yaiku Leptospirosis. Penyakit iki disebabake dening tikus. Penularane bisa sarana banyu kang reget kang kena uyuh tikus. Gejala sing dirasakake yaiku panas lan awak krasa pegel-pegel. Luwih parahe, penyakit iki bisa nyebabake kematian.
Camat Sukorejo, Djoko Indratno nerangake menawa dheweke wis ngirim surat kanggo wargane ngenani kerjabakti mau. “Saka pehak kecamatan wis ngirim surat edaran marang para lurah supaya nganakake kerjabakti resik-resik desa. Sing dakkarepake, saben-saben lurah desa ngelingake perusahaan lan kantor-kantor swasta ing dhaerahe supaya melu partisipasi ing kegiyatan iki. Mergane aku ngerti isih ana perusahaan sing nyepelekake utawa ora nggatekake lingkungane lan njalari lingkungan ing sakiwa tengene perusahaan katon reget,” ature Djoko, Selasa 5 Februari 2013.
Djoko uga ngandharake, ana limbah pabrik sing diguwak menyang kali Bengawan Solo. Kamangka ppehak pamarentah wis menehi surat peringatan marang pengusaha. Nanging nyatane surat peringatan iku mau ora digubris. Pengusaha kang egois kaya mangkene iki bisa mitunani tumrap warga ing sakiwa tengene pabrik. Djoko uga negesake menawa peringatan iki ora digubris maneh, dheweke bakal menehi sanksi teges marang perusahaane.
Dene babagan teknis acara kerjabakti mau wis dipasrahake marang warga desane dhewe-dhewe. Saliyane masalah lingkungan, pehak pamarentah uga menehi imbauan marang para kades supaya tanggap marang penyakit-penyakit sing nduweni sifat wabah, kayata DBD lan diare. Amarga penyakit sing nduweni sifat wabah kuwi mau bakale cepet banget nular. Apa maneh ing mangsa rendheng ngene iki.
Djoko nerangake supaya wargane tanggap marang wabah penyakit sing mbebayani kuwi mau. Dadi umpama ana salah sawijining warga sing kena penyakit kasebut, kudu gage-gage nglaporake kedaden mau marang instansi sing ana gandheng cenenge kaya Puskesmas utawa Rumah Sakit Daerah. Djoko ngandharake menawa laporan pelaksanaan kegiyatan kasebut bakal dijaluk mbesuk Maret 2014.

Cerita Rakyat Jawa Timur
Asal-Usule Kutha Surabaya
Kutha Surabaya sing saiki dadi kutha gedhe lan rame, jaman biyene awujud segara kang amba. Ing segara mau kerep banget dinggo adu kasekten antarane iwak hiu sura lan baya. Kalorone padha padudon ngrebutake mangsa. Antarane hiu sura lan baya kalorone padha kuwate, padha sektine, lan padha rakuse. Saben-saben kalorone padha padudon, ora ana salah sijine sing menang. Akhire Hiu Sura lan Baya nganakake prajanjen.
“He Baya, aku ki wis bosen yen saben dina kudu padu lan gelut terus karo kowe,” kandhane Hiu Sura
“Aku padha bosene karo kowe. Terus kepriye?” pitakone Baya.
Hiu Sura wis nduweni pikiran suapaya perkarane karo baya enggal rampung. Dheweke banjur nerangake marang Baya “Mangkene supaya awake dhewe ora terus padu, kepriye yen segara iki dibagi loro wae? Aku nguwasani kabeh sing ana ing njero segara, dene kowe sing ana ing njaban segara. Dadi aku bakal golek mangsa sing ana ing njero segara dene kowe nggolek mangsa sing ana ing dharatan. Supaya ora dadi sengketa, mula wates antarane dharatan lan segara kudu ditentokake, yaiku papan kang dilewati banyu segara nalika pasang lan surut.”
Sawise ana prajanjen mau, ora ana maneh keprungu padudone Hiu lan Baya. Kalorone wis sepakat sedya njaga lan ngurmati wilayahe dhewe-dhewe. Sawijining dina kanthi ndhelik-ndhelik Hiu golek mangsa ing kali sing dadi wilayahe Baya. Mulane Baya ora ngerti tumindake Hiu Sura sing culas iki. Nanging suwening-suwe Baya ngerti menawa Hiu Sura wis nglanggar prajanjen.
“Heh Sura! Kenangapa kowe wani golek mangsa ing papan kene? Berarti kowe wis nglanggar prajanjen sing biyen wis dimupangati,” Baya nesu marang Sura.
Krungu omongane Baya, Sura meneng wae lan ora ngrasa salah. “Ngapa kok aku nglanggar prajanjen? Kali iki kan enek banyune, kamangka papan sing ana banyune bakal dadi wilayahku,” kandhane Hiu Sura.
“Ora bisa! Kali ka nana ing dharatan. Sing dadi wilayahmu iku mung segara saisine. Kudune kali iki dadi wilayahku,” Baya sansaya nesu.
“Aku ora tau kandha marang kowe yen aku mung nguwasani wilayah segara thok. Wis samesthine kai iki dadi wilayahku,” kandhane Sura ora gelem kalah.
“He Sura, apa kopikir aku iki goblog banjur kowe bisa sakepenakmu dhewe? Kowe pancen sengaja golek perkara karo aku. Aku ora goblog kaya dene anggepanmu.”
“Ora ana urusan kowe kuwi goblog apa pinter. Sing penting kali iki dadi wilayahku. Aja pisan-pisan kowe wani mara rene maneh he Baya!” kandhane Sura kanthi sante.
“Berarti kowe pancen nduwe niat sing ora apik. Sanyatane prajenjen wis kolanggar. Saiki prajanjen sing biyen dibatalake wae. Sapa antarane awake dhewe sing nduwe kasakten lan sapa sing paling hebat, kuwi sing bakal dadi panguwasa tunggal,” sentake Baya.
Krungu omongane Baya, Sura panas kupinge. Kalorone banjur padha gelut, adu kasekten lan kakuwatan, nggebuk, ngantem, nyokot, lan nglabruk. Swara perange Baya lan Sura iki nganti keprungu tekan ngendi-endi. Ora nganti suwe, segara sing dadi papan perange Baya lan Sura banyune dadi abang gupak getih. Kalorone padha gelut nganti mati-matian. Buntute Baya sing sisih kiwa dicokot dening Hiu nganti buntute kapeksa dikipatake ngiwa. Mangkono uga buntute Hiu Sura, dicokot Baya nganti arep tugel. Sura banjur lunga bali menyang segara. Baya seneng amarga dheweke menang lan bisa nylametake wilayah kekuwasaane.
Suwening suwe segara mau banjur dadi dharatan sing saiki diarani Surabaya. Dijenengake Surabaya amarga biyene dadi papan sing direbutake dening Hiu Sura lan Baya. Mula kuwi lambange kutha Surabaya yaiku iwak Sura sing lagi dicokot buntute dening Baya lan Baya sing lagi dicokot buntute dening Sura.
Mangkono iku dongeng asal-usule kutha Surabaya. Saiki kutha Surabaya dadi kutha sing rame, pusat perdagangan, pusat perindustrian lan klebu kutha sing maju ing wilayah jawa Timur.

Cerita Rakyat
Cindhe Laras
Nalika semana ana sawijining keraton kang aran Kediri ing Jawa Timur. Keraton mau dipimpin dening Raden Putra. Raden Putra iku sugih bandha lan nduweni kuwasa kang gedhe. Dheweke nduweni kasenengan adu pitik. Raden Putra kagungan garwa permaisuri lan selir. Ana salah sawijining selire Raden Putra sing nduweni niat elek arep nyingkirake permaisuri. Dheweke nudhuh permaisuri lan ngandhakake menawa permaisuri arep mateni sang Prabu kanthi ndeleh racun ing panganane. Sang Prabu banjur muntab lan mrintahake prajurite kanggo ngguwak lan mateni permaisuri ing wana.
Ing satengahing wana, para prajurit sing nggawa permaisuri mau ora tega arep ngrenggut nyawane permaisuri sing wicaksana lan nduwe budi pekerti kang luhur. Apa maneh sang permaisuri iku lagi ngandhet. Para prajurit banjur nggolek kidang lan nggawa mulih jantunge. Para prajurit mau kandha menawa jantung kidang mau jantunge sang permauisuri.
Pitung sasi candhake, permaisuri nglairake lan nduwe anak lanang sing dijenengake Cindhe Laras. Suwening suwe, Cindhe Laras dadi bocah sing pinter lan rosa. Dheweke seneng dolan ing satengahing wana. Sawijining dina, dheweke nemokake endhog pitik. Endhog mau banjur digawa mulih lan ditetesake. Endhog mau netes dadi pitik jago.
Kaya dene ramane, Cindhe Laras uga seneng adu pitik. Dheweke lunga menyang desa-desa kanggo ngedu pitik kang ditetesake mau. Jagone pancen rosa. Saben tarung mesthi menange. Cindhe Laras dadi dikenal dening warga-warga ing wilayah Keraton Kediri.
Kacaritakake sang Raden Putra uga krungu menawa ana jago sing ora bisa dikalahake sing diduweni dening bocah lanang sing isih cilik. Sang Prabu banjur ngundang Cinde Laras menyang keraton saperlu ngerti kaya ngapa ta jago sing dikandhakake dening para warga.
Nalika sang Prabu ngerti Cindhe Laras, dheweke kaget “bocah sing uripe ana alas kok tindak tanduke kaya dene putra bangsawan saka keraton”, pikire.
Raden Putra banjur ngajak Cindhe Laras kanggo adu pitik. Cindhe Laras nyaguhi, nanging kanthi syarat, yen dheweke sing menang setengah saka keraton Kediri dadi duweke Cindhe Laras. Sang Prabu saguh amarga dheweke yakin Cindhe Laras ora bakal menang.
Raden Prabu milih pitike sing paling apik lan paling kuat, nanging kalah karo pitike Cindhe Laras. Kabeh wong sing nonton padha kaget lan ora percaya. Jagone Cindhe Laras banjur kluruk :
“Kukuruuyuuuk...! Jagone Cindhe Laras… Omahe tengah alas… Anake Raden Putra!”
Pitike Cindhe Laras kluruk bola-bali. Sang Prabu kamitenggengen ora percaya. Dheweke banjur nyeluk CIndhe Laras nyedhak
“Sapa jenengmu ngger? Ngendi Omahmu?”
“Kula Cindhe Laras sinuhun. Kula urip kaliyan biyung kula ing tengah alas.”
“Sapa jenenge biyungmu?”
“Dewi Candra Kirana”
Sang Prabu kaget. Jebul Cindhe Laras anake. Anak saka permaisurine sing diguwak ana ing wana pirang-pirang taun kepungkur amarga dheweke percaya marang selir kang culas atine. Sang Prabu banjur nangis mingsek-mingsek amarga gela. Dheweke banjur mrintahake prajurit kanggo mboyong Dewi Candra Kirana bali menyang keraton.

Selasa, 11 Februari 2014
cerita bocah
Banjir ing Desa
Mangsa rendheng tahun iki ora bakal bisa daklalekake. Udan sing niba pancen deres banget. Apa maneh nalika dina kemis wingi. Udan wiwit esuk nganti wengi ora ana lerene. Udan deres sing ora mandheg kuwi mau sing njalari banjir ing desaku.
Wengi iku aku lan kaluwargaku turu rada gasik amarga hawa kang adhem. Wetara jam sewelas nalika wong-wong ing desaku isih padha turu, dumadakan keprungu swara kenthongan kang dithuthuk dening Pak Diman sing entuk jatah rondha. “Banjir....Banjir....Banjir....”, pambengoke pak Diman.
Saomah banjur padha tangi lan padha nylametake barang-barange dhewe-dhewe. Aku ngewangi ibuku mbunteli klambi lan emas-emasan. Barang-barang banjur diusungi diunggahake ing panggonan kang luwih dhuwur. Kahanan wektu kuwi semrawut banget. kabeh wong padha kekiter bingung anggone golek papan pangonan kang aman. Aku lan keluwargaku isih beja amarga omahku tingkat. Mula bapakku banjur ngajak tangga teparo supaya nitipake barang-barange ing omahku.
Banjir sawengi nganti saweteng dhuwure. Nganti awan wetara jam sewelas kae banyu lagi surut. Kabeh kedaden mau ana gandheng cenenge karo tumindake para warg sing seneng ngguwak larahan ing kali. Mula nalika udan deres, kaline buntet amarga kebak larahan. Sawise banjire surut, para warga banjur kerja bakti ngresiki desa. Wiwit saka ngeruki larahan sing mbunteti iline kali lan ngresiki larahan sing ana ing dlaan-dalan. Sawise kedaden wengi iku, saiki para warga banjur sadhar lan ora ngguwak larahan ana kali maneh.

Langganan:
Postingan (Atom)