Ing serat wedhatama karangane Mangkunagara IV ana ukara kang unine
Urupe lan tri prakara, wirya arta tri winasis, kalamun kongsi sepi saka
wilangan tetelu, telas tilasing janma, aji godhong jati aking. Iku mau nuduhake
menawa pendhidhikan kuwi penting banget tumrape wong urip. Yen wong urip ora
nduwe kepinteran, kekuasaan, lan bandha, ora ana gunane dheweke urip ing donya
kaya godhong jati kang wis garing. Bakal nelangsa lan katula-tula uripe.
Kenangapa kok kapinteran didelehake ing buri dhewe sawise tembung
wirya lan arta? Miturut panemuku, sanyatane ing jaman saiki wong sing ora duwe
kakuasaan lan bandha ora bisa sekolah lan golek kepinteran.
Ngono ya kena
BalasHapus