Jumat, 01 September 2023

MATERI TEKS PIWULANG SERAT WULANGREH PUPUH GAMBUH

 Teks Piwulang

Serat Wulangreh Pupuh Gambuh

PURWAKA

            Tembang macapat yaiku salah sawijining karya sastra Jawa asil olah pikirane masyarakat ing jaman mau kang ngandhut akeh piwulang luhur. Tembang macapat mau katulis ing jroning serat utawa kitab kayata, Serat Wulangreh, Serat Wedhatama, Serat Tripama, lan sapiturute. Ana sewelas jinis tembang macapat. Saben tembang kuwi mau nduweni karep dhewe-dhewe kang nggambarake uripe manungsa wiwit saka isih ana ing jero wetenge ibune nganti tekane pati.

            Sakehe tembang macapat kang ngandhut piwulang luhur kuwi mau wis dadi wajibe kita kanggo nglestarekake utawa saora-orane mangerteni isine supaya kita bisa nuladhani piweling-piweling luhur kang kakandhut ing jerone. Mula ayo padha nyinau bab piwulang luhur sajrone tembang macapat Gambuh ing Serat Wulangreh, sokur gage kita bisa menehi kontribusi marang bangsa lan negara sawise mangerteni isine Serat Piwulang kasebut.

A.    Nepungi Serat Wulangreh

Serat Wulangreh kaserat dening Sri Susuhunan Pakubuawana IV lan saiki kasimpen ana ing Museum Radya Pustaka Surakarta. Wulangreh dumadi saka rong tembung, yaiku tembung “wulang” kang nduweni teges piwulang utawa pitutur utawa ajaran, lan “reh” kang tegese dalan utawa laku. Serat Wulangreh yaiku Serat kang isine bab ajaran utawa piwulang kanggo nggayuh laku kang becik sajrone panguripan.

Serat Wulangreh iki surasane babagan piwulang etika tumrap manungsa kang ideal kang dadi paugeran urip ing masyarakat Jawa. Manungsa urip ing donya iki kudu tansah waspada marang owah gingsiring jaman lan kudu ngadohi watek kang adigang, adigung, adiguna. Kepriye carane nemtokake guru kang sejati, lan kepriye carane ngabekti marang wong tuwa. Kepiye carane mujudake rasa urmat marang wong tuwa, guru, raja, lan manungsa sapada-pada.

 

Tembang Jawa

Tembang Jawa kaperang dadi 2 yaiku tembang Yasan/Miji lan tembang Para

1.     Tembang Yasan/ Miji         : yaiku tembang kang kaiket dening paugeran tartamtu yaiku guru gatra, guru lagu lan guru wilangan. Tembang yasan ana 3 yaiku :

a)      Tembang gedhe/ sekar Ageng

Yaiku salah sijine tembang jawa klasik kang isih migunakake tembung jawa kuna lan biasane ditembangake kanggo ngiringi pagelaran wayang-wayang purwa. Tuladhane tembang gedhe yaiku : Citramengeng, Kusumastuti,  Mintajiwa, Pamularsih

 

b)      Tembang tengahan

Basa kang digunakake ing tembang tengahan iki kagolong luwih modern katimbang tembang gedhe. Tembang tengahan akeh katulis ing buku kidung lan digunakake kanggo ngandharake kadadeyan jaman biyen. Ana sumber kang ngandharake menawa tembang tengahan iku migunakake basa Jawa tengahan. Tuladhane tembang tengahan yaiku : Balabak, Wirangrong, Dudukwuluh, Jurudemung, Rara Bentrok, lan sapanunggalane.

c)      Tembang cilik/ Sekar Alit

Tembang cilik utawa sekar alit yaiku tembang macapat. Tembang macapat kaperang dadi 11 kang nggambarake lakune manungsa wiwit saka isih ana ing jero weteng nganti tumeka pati. Kang klebu tembang macapat yaiku :

Ø  Maskumambang   : saka tembung kemambang, nggambarake nalika manungsa isih ana ing jero wetenge ibune

Ø  Mijil          : Mijil tegese lahir, yaiku nalika manungsa lahir ana ing donya.

Ø  Sinom       : saka tembung isih enom. Tegese nggambarake manungsa kang umure isih   remaja lan nduweni semangat kanggo nggayuh cita-cita

Ø  Kinanthi   : saka tembung kanthi kang tegese tuntun. Tegese nalika manungsa isih enom iku butuhake tuntunan lan bimbingan supaya ora keblinger lan salah anggone mlaku lan njupuk keputusan nalika lagi nggoleki jati dirine

Ø  Asmaradana : Nggambarake nalika manungsa wis mulai ngrasakake nandang asmara utawa kasmaran

Ø  Gambuh   : saka tembung jumbuh, yaiku nggambarake nalika manungsa kang kasmaran wis nemokake pasangan kang cocok utawa jumbuh karo apa sing dikarepake supaya bisa urip bebrayan salawase.

Ø  Dhandhanggula : nggambarake uripe  manungsa kang wis urip bebrayan, lan wis kasembadan apa sing dikarepake. Upamane, gawean kang mapan, rejeki kang cukup, anak-anak kang nerusake garis keturunane, nggawe bungah lan bombong atine.

Ø  Durma      : Saka tembung darma utawa sedekah. Wong kang wis ngrasakake mulya lan cukup uripe, mula diwajibake supaya sedekah utawa weweh marang sapada-pada.

Ø  Pangkur    : saka tembung mungkur. Tegese yaiku nyingkiri hawa nepsu, wewatek ala, lan kabeh kang sipate isih kadonyan. Sing ana ing pikirane namung ngakehi ngibadah supaya bisa luwih cedhak marang sing gawe urip.

Ø  Megatruh  : saka tembung “pegat(pedhot)” lan “ruh”. Tegese nggambarake nalika manungsa wis katimbalan sowan marang Sing Kuwasa utawa mati.

Ø  Pocung     : nggambarake nalika manungsa wis mati, wis dadi mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sadurunge dikubur.

2.     Tembang Para        : yaiku tembang jawa kang nduweni paugeran kang prasaja (biasa lan ora akeh aturan utawa pathokan), ora manut marang paugeran kang ketat, nanging tetep ana guru gatra lan guru lagu kanggo nyiptakake kaendahan tembung. Tuladhane yaiku geguritan.

 

 

Pupuh lan Pada Sajrone Serat Wulangreh

a.    Pupuh

Pupuh yaiku kumpulane tembang Jawa kang nduweni paugeran tartamtu. Upamane pupuh megatruh, mesthi kabeh tembang sajrone pupuh megatruh kui mau mesthi nduweni guru gatra, guru lagu lan guru wilangan kang padha. Sajrone Serat Wulangreh kadhapuk ana 13 pupuh.

b.   Pada

Pada yaiku cacahe tembang saben sapupuh, utawa diarani bait tembang. Jumlahe saben sapupuh ora padha, gumantung saka pengarange.  Sajrone Serat Wulangreh cacahe ana 282 pada kang kasebar ing pupuh – pupuh kaya ing ngisor iki.

·         Dhandhanggula : 8 pada

·         Kinanthi             : 16 pada

·         Gambuh             : 17 pada

·         Pangkur             : 17 pada

·         Maskumambang : 34 pada

·         Megatruh           : 17 pada

·         Durma                : 12 pada

·         Wirangrong        : 27 pada

·         Pocung               : 23 pada

·         Mijil                   : 26 pada

·         Asmaradana       : 28 pada

·         Sinom                : 33 pada

·         Girisa                 : 25 pada

 

Kawruh Basa

Sengkalan

Yaiku unen-unen utawa tembung pepaten utawa gambar utawa wewujud lan nemu teges angkaning tahun. Sengakalan biasane nuduhake taun ing wangunan, prasasti, utawa serat. Manawa ing Serat Wulangreh iku sengkalane wis kanton kanthi gamblang ing pada mburi dhewe. Ananging ana uga para pujangga kang nulis sengkalan taun kanthi tersirat, tuladhane nalika nulis taun 1933 katulis kanthi ukara “Gapura Trus Gunaning Janmi”.

Carane maca sengkalan yaiku saka perangan mburi. Saben tembung ing sengkalan ngemu makna angka. Gapura (3), Trus (3), Gunaning (9), Janmi (1). Banjur diwaca saka mburi dadi 1933.

Sandiasma

            Nalika gawe tembang uga bisa menehi sandiasma. Sandiasma yaiku jeneng sing disingidake ing sajrone tembang. Jeneng kang disingidake iku jenenge kang nganggit sing dipisah wandane lan sinamur ana ing gatraning tembang. Tuladhane kajupuk saka Serat Witaradya anggitane Ranggawarsita katulis “Raden Ngabei Ronggawarsita” ing saben wiwitan gatra.

B.     Nemtokake Paugerane Tembang Gambuh

Paugeran yaiku aturan kang ngiket panulisane tembang macapat. Paugerane tembang macapat iku ana 3 yaiku :

1)      Guru Gatra           : yaiku cacahe gatra/ larik/ baris saben sapada/ sabait.

2)      Guru lagu             : yaiku tibaning swara (a, i, u, e, o) ing wanda (suku kata) pungkasang ing saben gatra/ larik/ baris

3)      Guru wilangan     : yaiku cacahe wanda (suku kata) saben sagatra.

Gatekna tembang macapat ing ngisor iki kanthi setiti!

Aja turu sore kaki                               gatra 1, guru lagu i, guru wilangan 8 (8 suku kata)

Ana dewa nganglang jagad               gatra 2, guru lagu a, guru wilangan 8 (8 suku kata)

Nyangking bokor kencanane             gatra 3, guru lagu e, guru wilangan 8 (8 suku kata)

Isine donga tetulak                             gatra 4, guru lagu a, guru wilangan 8 (8 suku kata)

Sandhang lawan pangan                   gatra 5, guru lagu a, guru wilangan 6 (6 suku kata)

Yaiku bageyanipun                            gatra 6, guru lagu u, guru wilangan 8 (8 suku kata)

Wong melek sabar narima                 gatra 7, guru lagu a, guru wilangan 8 (8 suku kata)

Tembang ing ndhuwur nduweni paugeran, 8i, 8a, 8e, 8a, 6a, 8u, 8a dumadi saka 7 gatra.

CERITA RAKYAT

Keong Emas

Kira-kira wis setaun suwene desa dhadapan ngalami mangsa ketiga kang dawa. Karana kuwi gawe uripe warga katula-tula, dadi larang pangan lan akeh lelara. Ing dhadapan ana wong wadon tuwa seng urip dhewe tanpa anak lan tanpa sedulur yaiku mbok Randha. Kanggo nyambung uripe sabendinane, dheweke saba menyang alas kewan kanggo golek godhong-godhongan kang isa dimasak lan dipangan. Sanajan kahanan kaya ngono nanging mbok Randha ora tau nggresula. Malah saya nyaketake lan sregep ngibadah marang Gusti.

“ Duh Gusti paringana pepajar ing desa kula mugi-mugi ingkang kalis saking prahara punika.” Dongane Mbok Randha sawijining dina.

Sawijining esuk, mbok Randha golek panganan menyang alas. Nalika lagi milang-miling, dheweke weruh cumlorot cahya saka sak tengahing kali kang asat. “Cahya opo kuwi, kok cumlorot kaya emas ?”, pitakone Mbok Randha ing batine, banjur nyedaki sumber cahya mau.

Bareng dicedaki, jebule cahya cumlorot kuwi mau sawijining keong mas kang nyungsang ing watu-watu kali. Keong mas iku digawa mulih tekan ngomah banjur dicemplungake genthong. Mbok Randha menyang alas kaya biasane, nanging nasibe lagi apes. Dheweke urung entuk krowodan utawa godhong-godhongan kang bisa dinggo kanca sega dheweke. Nganti meh surup, Mbok Randha banjur mulih sanajan ora nggawa apa-apa.

Sakwise leyeh-leyeh ing emperan omah, dheweke menyang pawon menawa wae ana krowodan kang bisa ngganjel weteng sing luwe. Mbok Randha kami tenggengen ngerti panganan kang ana ing pawone. Atine kebak pitakon, sapa sing ngeteri panganan kuwi?

Kedaden kaya mangkono iku ora mung pisan. Ing sabendina, lekase mbok Randha mulih saka alas wis cumepak panganan kang enak-enak ing mejane. 

Kahanan kaya mangkono mau gawe Mbok Randha bingung. Dheweke penasaran, sapa sing saben dina ngeteri panganan dheweke. Mula sawijining dina kanthi ngati-ati, Mbok Randha kepengin ngerti sapa wong kang mlebu ing omahe. Dheweke mangkat lunga menyang alas, nanging jebul ndhelik ing mburi omah.

Mbok Randha kaget ora kinara, amarga nyawang Keong Mas kang dicekel saka alas mau metu saka genthong lan malih dadi putri kang ayu rupane. Saben ditinggal Mbok Randha menyang alas, Keong Mas mau malih wujud. Mbok Randha banjur nakoni sapa sejatine putri kang ayu kuwi.

“Nduk, wong ayu sliramu iki sapa kok nganti kedarang-darang ing alas lan jilma dadi Keong Mas?”

“Dipuntepangaken, nama kula Candrakirana. Kula menika garwanipun Raden Inukertapati, Raden ing Jenggala.” Jawabe keong mas.

“Lho kok bisa dadi Keong Mas lan tumeka ing alas dhadapan kuwi larah-larahe kepiye tho cah ayu ?”, pitakone Mbok Randha.

Banjur, Dewi Chandrakirana njlentrehake menawa ing sawijining dina dheweke dicidra Raden Jin Sakti kang kareb ngepek garwa. Ananging dheweke ora gelem nuruti kekarepane Jin kuwi mau lan agawe jin kuwi muntab. Dewi Candrakirana sinebda dadi Keong Mas banjur diguwang menyang kali, adoh saka Kraton Jenggala. Wekasane supoyo Dewi Candrakirana ora bisa ketemu karo garwane, Raden Inukertapati.

Anehing kahanan ana nalika kecemplungan Keong Mas, kaline dadi asat. Asate banyu kali mau jalari Keong Mas nyungsang ing watu-watu nganthi arep nemahi tiwas. Bejane ditemu lan diopeni karo mbok Randha Dhadapan. Mula kuwi supaya ora konangan dening Raden Jin, Candrakirana ngrasa yen luwih aman menawa dheweke ndhelik ing omahe Mbok Randha. Candrakirana nyuwun marang Mbok Randha supaya diaku anak, lan kanggo mbales kabecikane Mbok Randha, Candrakirana bisa nyepaki Mbok Randha panganan apa wae kang enak-enak supaya Mbok Randha ora perlu susah-susah golek krowodan menyang alas maneh.

Mbok Randha nyaguhi panyuwune Dewi Candrakirana. Amarga welas asihe Mbok Randha, uga amarga Dewi Candrakirana iku wong wadon kang sugih budi. Saliyane iku, Mbok Randha uga seneng, amarga saiki dheweke duwe anak wadon kang ayu. Dewi Candrakirana banjur dijenengi Limaran.

Ing saktengahing rerembugan, ana swara lanang dhodog-dhodog lawang. Mbok Randha banjur bukakne lawang. Dhayoh kang sandhangane nuduhake punggawa kraton, crita menawa dheweke diutus Raden Galih Inukertapati supoyo njaluk banyu kang diwadahi bokor kencana. Mbok Randha banjur ngutus Limaran kanggo njupukake kendhi pratala kuwi mau banjur diwenehake marang punggawa utusane Raden Inukertapati.

Nampa kendhi pratala kang diwadahi bokor kencana, punggawa mau banjur bali menyang Keraton Jenggala lan ngaturake kendhi mau marang Raden Inukertapati. Raden Galih Inukertapati sauwat kaget amargi kelingan ora ana wong liya sing kagungan kendhi pratala diwadhahi bokor kencana kajaba Dewi Candrakirana. Raden Galih Inukertapati banjur ngajak para punggawa bali menyang Dhadhapan nemoni Limaran.

Kaya ngapa bungahe Raden Inukertapati ketemu Limaran kang sejatine garwane dewe yaiku Dewi Candrakirana kang wis suwe ilang. Ketemune Raden Inukertapati karo Dewi Candrakirana dibarengi udan deres ing desa Dhadhapan.  Tekane udan kuwi mau sakwise pageblug ing desa Dhadhapan. Kabul panyuwune Mbok Randha Dhadhapan. Kali bali mili maneh, tlaga agung, desa dadi subur lan reja.

            Raden Inukertapati banjur nyuwun pamit marang Mbok Randha menawa badhe nggawa bali Dewi Candrakirana menyang keraton. Dheweke uga ngaturake uagunging panuwun marang Mbok Randha amarga sasuwene Dewi Candrakirana ilang, Mbok Randha sampun kersa lan lila legawa ngopeni Dewi Candrakirana.

    Senadyan abot rasane kelangan anak kang ditresnani, nanging Mbok Randha uga mangerteni menawa Dewi Candrakirana bakale luwih bungah menawa kumpul maneh karo bojone. Mula Mbok Randha ngestokake lungane Dewi Candrakirana lan Raden Inukertapati. Pungkasane, kalorone urip bungah salawase. 

Dening : Indah Novitasari, S.S

CERITA RAKYAT

 Jaka Kendhil

Jaman biyen, ana wanita tuwa kang urip mung karo putrane. Bocah lanang kui mau elek rupane lan uga ringkes. Mula aja gumun, yen bocah kasebut asring diarani Jaka Kendhil dening masarakat sakiwa tengene. Kendhil dhewe iku sejatine jeneng perkakas pawon awujud pot sing digunakake kanggo masak sega. Ana kamiripan bentuk awak bocah lanang mau karo kendhil sing ndadekake bocah kasebut dijenengi Jaka Kendhil dening uwong-wong. Sanajan awake bocah lanang mau ora sampurna, wanita tuwa iku tetep tresna marang anake. Nyatane, kabeh panjalukane bocah iku mesthi dituruti.

Sawijining dina, Jaka Kendhil nyuwun marang wong tuwane kanggo nglamarake sawijining wanita kang ayu rupane kang dadi pilihan atine. Wanita kui mau yaiku Putrine Raja saka keraton Mandura. Krungu panyuwune Jaka Kendhil, wong tuwane mau kaget banget. Banjur ngandika:

“Elingen sopo sampeyan, Jaka. Lan elinga kaya ngapa rupane awakmu iku.”

“Mboten napa-napa, Ibu. Oalah, kula namung nyuwun ibu supados nglamarake putri kang dadi pilihan atiku, “jarene Jaka Kendil.

Kanthi rasa kuwatir, Ibune netepi kekarepane Jaka Kendhil, putra siji-sijine kang ditresnani. Ibune mara menyang keraton Mandura, banjur dening punggawa dheweke digawa ngadhepi Raja. Cekake crita, Raja iki nduwe anak telu wadon kabeh. Telu-telune nduweni rupa kang ayu. Putri Raja mau duwe jeneng Kenanga, Seruni, lan Melati. Kanthi mangu-mangu, Ibune Jaka Kendhil kasebut nerangake marang Raja menawa dheweke kepengin njodhohake salah sawijining putri raja mau karo anake, Jaka Kendhil.

Krungu kekarepane wong tuwa kang lagi lungguh ning ngarepe, Raja mau ora nesu. Nanging, dheweke nyritakake maksud wanita tuwa kasebut marang telu putrine. Ing antarane telu putri mau, mung putri sing paling enom kang aran Melati sing gelem nampa lamarane Ibune Jaka Kendhil. Putri sing mbarep lan sing nomer loro ora trima amarga ngerti sapa sejatine Jaka Kendhil.

“Aku ora sudi Rama, nduweni bojo kang ala rupane lan ireng kulite kaya ngono iku,” ature Putri Kenanga.

“Aku uga emoh nduwe bojo sing awake cendhek cempluk kaya ngono. Aku ayu, lan kudune sing dadi bojoku iku wong lanang sing bagus lan gagah dhuwur.” Ature Seruni

Nanging nalika tiba wancine Melati, putri ragil ingkang matur, ora disangka lan ora dinyana, jebul lamarane Jaka Kendhil mau ditampa. “Kula purun dados garwane Jaka Kendhil, Rama. Senajan ala rupane, nanging kangmas Jaka kendhil niku gadhah ati ingkang sae”, tuture Melati.

Sawise lamarane Jaka kendhil ditampa, banjur dianake upacara ngantenan antarane Jaka Kendhil lan Putri Ragile Raja mau. Raja nganakake pesta nganti telung dina telung wengi kanthi ngundang kabeh rakyat sakiwa tengene kerajaan. Akeh omongan sing rapenak saka wong kang teka menawa sang Putri Raja kuwi mau mesakke amarga nduwe bojo kang ala rupane.

Nganti omah-omah, Jaka kendhil uga isih diece dening sedulure bojone. Jaka Kendhil ora tau dianggep lan degething dening sedulur-sedulure Raja. Kui mau gawe atine Jaka Kendhil sedhih.

Sawijining dina, Raja nganakake sayembara.Jaka Kendhil kepingin melu sayembara kuwi mau. Nanging, sayembara iki  mung bisa ditindakake dening para ksatriya kang gagah prakasa. Sayembara mau yaiku perlombaan balapan jaran. Kendhil diolok-olok dening Raja, para prajurit kerajaan, lan para putri sedulure bojone.

Cekake crita, dina ditindakake sayembara mau teka. Raja lan Permaisuri uga Para Putri lungguh ing panggung nonton lakune sayembara. Ora katon ing kono Jaka Kendhil. Akeh para Pangeran kang bagus lan gagah dhuwur kang melu sayembara.

“Deloken kae, kudune pangeran gagah dhuwur kae sing bakale dadi bojoku. Cocok karo rupaku sing ayu iki,” tuture Kenanga karo nuding salah sawijining pasarta sayembara.

“Iya, bagus banget ya mbak yu pangeran kae. Gagah dhuwur lan resik kulitane. Aku uga gelem menawa dilamar dening pangeran kae. Ora kaya Jaka Kendhil kang elek lan ngisin-isini.” kandhane Seruni karo nuding pangeran kang padha karo sing disebut mbakyune.

Krungu omongane mbakyu-mbakyune kang ngelek-elek bojone, Melati banjur ngendika, “Wis ben mbakyu. Senajan ala rupane, aku tresna karo kangmas Jaka Kendhil amarga atine.” Kandhan kaya mangkono iku, Melati banjur lunga saka panggung lan nggoleki Jaka Kendhil ing kamar. Nanging ing jero kamar, bojone ora ana. Namung ana kendhil wadhah sega kang ana ing kono.

Melati bingung, kamangka mau bojone ana ing kamar. Dumadakan, Pangeran bagus gagah dhuwur sing diduding dening mbakyu-mbakyune mau mlebu ing kamare. Melati kaget.

“Sapa kowe? Kenangapa wani-wanine mlebu ing kamare wong wadon sing wis duwe bojo?”

“Diajeng Melati, sejatine aku iki bojomu, Jaka Kendhil.” Kandhane pangeran bagus mau karo nyedhaki Melati.

“Aja kurang ajar kowe! Lunga kana! Bojoku ora kaya kowe. Aja ngaku-ngaku!”

“Diajeng, sejatine aku iki putrane Raja Angkasa kang kena kutukane penyihir. Aku isa mbalik ning wujud asliku menawa ana wanodya ayu kang tulus tresna marang awakku kang ala rupane. Maturnuwun diajeng, amarga tuluse atimu, aku bisa bali menyang wujud asliku.”

Sawise krungu katrangane Pangeran bagus kuwi mau, Putri Melati pungkasane percaya menawa wong lanang gagah kang dikagumi dening kabeh wanodya ing panggung sayembara mau pranyata bojone, Jaka Kendhil. Pungkasane, pasangan kasebut urip seneng selawase.


Dening : Indah Novitasari, S.S

Rabu, 31 Agustus 2016

just an ordinary girl. Jangan dibaca!!!

Andai saja mudah bagiku untuk berterusterang. Andai saja ada banyak waktu untuk kita duduk dan berbicara. Andai saja kalian bisa mengerti tanpa harus aku bicara...pasti tak perlu lelah jariku ini beradu dengan papan ketik.

Sayangnya, terlalu sulit buatku untuk mengakuinya. Bahkan untuk sekedar mengatakan "suka atau tidak suka", "mau atau tidak mau", itu saja sangat sulit bagiku. Aku bukan orang yang pandai membuat kata-kata manis. Aku bahkan tak bisa memilah mana kata yang enak didengar atau kata yang mudah menyinggung orang lain.
Sangat ironi memang, tapi ya beginilah aku dengan segenap kebodohanku.

Aku sepertinya memang tak berguna karena aku tak bisa menjadi seperti mereka yang menjalani hidupnya dengan wajar-wajar saja. Aku tak bisa menjadi anak yang baik bagi orang tuaku. Dimana anak-anak lain sebayaku sudah mampu membahagiakan orang tua mereka, memenuhi hampir semua kebutuhannya, aku hanya bisa merepotkan saja.
Aku anak pertama dari dua bersaudara. Bapakku sudah meninggal. Usiaku sudah lebih dari seperempat abad. Aku punya suami dan seorang anak.
Wanita lain di luar sana, saat seusiaku, kebanyakan dari mereka pasti sudah mapan, punya karir bagus dan kehidupan yang luar biasa indah bersama keluarganya.
Setidaknya itu menurut pandanganku. Tapi entah kenapa, jalan hidup seperti ini yang harus aku alami. Disatu sisi, aku bahagia memiliki jalan hidup yang rock n roll seperti ini, tapi disisi lain, tetap saja aku ini bodoh dengan segala kekuranganku.

Adikku, adik perempuanku, rasanya aku tak pernah menyayanginya. Aku benci dia karna tak pernah mau mendengarkanku. Dia tak pernah menghormatiku sebagai kakaknya. Aku benar-benar membencinya. Mungkin aku iri karena dia punya kehidupan yang lebih baik dari aku. Mungkin juga dia seperti itu karna memang aku bukanlah sosok kakak yang baik, yang pantas dibanggakan dan dihormati. Kakak-kakak lain, saat mereka telah bekerja dan punya gaji, mereka pasti memberikan uang saku untuk adiknya. Membelikan barang-barang yang bagus, mengajaknya jalan-jalan dan mentraktir makan. Dan seingatku, aku tak pernah mampu untuk memberikan semua itu. Aku bahkan memintanya mengembalikan lima ribu rupiah yang dia pinjam untuk membeli jajanan.

Sekarang aku jadi bingung, orang macam apa aku ini sebenarnya? Bagaimana aku hidup selama ini? Seperti apa dulu orang tuaku membesarkan aku? Apa yang aku ketahui tentang dunia ini? Aku ini siapa? Bagaimana pandangan orang terhadapku? Bagaimana aku nanti akan mati? Apakah aku akan dikenang atau segera dilupakan oleh orang-orang saat aku sudah mati nanti? Bagaimana jika sebentar lagi aku benar-benar mati? Bagaimana dengan suami dan anakku? Apakah suamiku itu akan segera menemukan penggantiku? Lalu anakku? Aku hanya bisa berdoa agar dia selalu sehat dan bahagia. Aku amat mencintainya, melebihi diriku sendiri. Apakah baru saja aku bicara soal kematian? Apa aku sudah benar-benar siap untuk mati? Aku rasa aku sudah mulai gila...Terimakasih Tuhan...hidupku jadi penuh tanda tanya.
Tapi bagaimana menjawab semua pertanyaanku itu?

Rabu, 19 Februari 2014

Wacan Bab Lingkungan

Limbah Batik

    Sekitar 50% usaha batik ing wilayah Desa Pilang durung kahubung karo Instalasi Pengelolaan Air Limbah (IPAL) kang ana ing wilayah kasebut. Pemerintah desa ing kono wis negesake menawa wis ngejokake bantuan dana kanggo pembangunan IPAL.
Kades Pilang, Suwanto ngandharake yen ing wilayahe ana sekitar 40 usaha batik wiwit batik tulis, batik cap, lan batik printing. Usaha-usaha batik mau kasebar ing kabeh dhukuh ing Desa Pilang. “Pengusaha ing kene saya suwe saya tambah. Malah-malah kadang nom-noman saiki akeh sing padha melu nerusake usahane wong tuwane,” kandhane nalika ditemoni ing kantore, Rebo 8 Januari 2014. Suwanto nerangake, saka puluhan usaha kasebut, ana watara rongpuluhan usaha batik kang wis kahubung karo IPAL terpadu. Pembangunan IPAL mau dibiayai dening Kementrian Lingkungan Hidup lan mulai difungsekake wiwit 2013. “IPAL kuwi nyakup pengrajin kang ana ing Dhukuh Pilang Lor, Pilang Tengah lan Pilang Kidul,” kandhane.
Wondene, usaha batik ing dhukuh liyane kaya dhukuh Jati, lan jantran nganti saiki isih nindakake pencemaran lingkungan kanthi ngguwak limbah ing lingkungan, kaya ing kalenan, sawah, lan kali Bengawan Solo. “Awake dhewe iki lagi arep ngupayakake oleh bantuan saka Kementrian Lingkungan Hidup. Iki lagi nyiapake papan kanggo mbangun IPAL kang diusahakake papan kasebut ora ana masalah karo warga sekitar utawa pemerintah.”
    Suwanto ngandharake menawa pembangunan IPAL kanthi cara swadaya angel dileksanakake. Amarga ragat kanggo mbangun sa-IPAL iku nganti atusan yuta rupiah. Tur maneh papan panggonan saben-saben usaha saka panggonan IPAL iku lumayan adoh.
Disenggol bab cara liya kanggo nyegah pencemaran lingkungan amarga limbah batik, Suwanto ngandharake menawa wis ana imbauwan marang pengusaha batik babagan nggunakake pewarna sing alami. Ananging, nganti saiki sing gelem nggunakake pewarna alami isih isa diitung nganggo driji. “Pancen durung kabeh sing gelem nganggo pewarna alami. Beda karo tuku obat pewarna sing instan amarga bisa langsung digunakake. Wondene yen nganggo pewarna alami, isih kudu golek bahan liya-liyane lan kudu diolah dhewe”, kandhane.
Salah sawijining pengusaha batik saka Jantran, Krisni, nuturake yen dheweke wis nggunakake pewarna alami saka bahan kayu teger. Ananging dheweke uga isih nggunakake pewarna kimia. “Pewarna kimia iku luwih nguntungake amarga proses pewarnaan bisa luwih cepet. Nggunakake pewarna alami iku pancen luwih murah, nanging yen kudu ngoyak target aku ora bisa nggunakake pewarna alami amarga prosese iku luwih suwe.” Krisni uga ngaku yen nganti saiki usahane durung kehubung karo IPAL lan isih ngguwak limbah ing kalen.

Wacan Bab Kasarasan

Nggalake Kerjabakti Kanggo Njaga Lingkungan

Ngancik mangsa rendheng tahun iki, kanggo nyegah tekane wabah penyakit sing mbebayani Pemerintah Kecamatan Sukorejo, Ponorogo nggalakake kegiyatan kerjabakti resik-resik desa kanggo njaga karesikan lingkungan dan kasarasan wargane.
Pamarentah nyadhari menawa lingkungan kang reget iku bisa nekakake penyakit. Apa maneh ing mangsa rendheng. Penyakit sing mbebayani kaya DBD lan diare bisane cepet banget nyerang marang awak kang ringkih.
Apa maneh yen lingkungan sakiwa tengen omah reget lan kumuh.Malah-malah saiki ana penyakit anyar sing mbebayani yaiku Leptospirosis. Penyakit iki disebabake dening tikus. Penularane bisa sarana banyu kang reget kang kena uyuh tikus. Gejala sing dirasakake yaiku panas lan awak krasa pegel-pegel. Luwih parahe, penyakit iki bisa nyebabake kematian.
Camat Sukorejo, Djoko Indratno nerangake menawa dheweke wis ngirim surat kanggo wargane ngenani kerjabakti mau. “Saka pehak kecamatan wis ngirim surat edaran marang para lurah supaya nganakake kerjabakti resik-resik desa. Sing dakkarepake, saben-saben lurah desa ngelingake perusahaan lan kantor-kantor swasta ing dhaerahe supaya melu partisipasi ing kegiyatan iki. Mergane aku ngerti isih ana perusahaan sing nyepelekake utawa ora nggatekake lingkungane lan njalari lingkungan ing sakiwa tengene perusahaan katon reget,” ature Djoko, Selasa 5 Februari 2013.
Djoko uga ngandharake, ana limbah pabrik sing diguwak menyang kali Bengawan Solo. Kamangka ppehak pamarentah wis menehi surat peringatan marang pengusaha. Nanging nyatane surat peringatan iku mau ora digubris. Pengusaha kang egois kaya mangkene iki bisa mitunani tumrap warga ing sakiwa tengene pabrik. Djoko uga negesake menawa peringatan iki ora digubris maneh, dheweke bakal menehi sanksi teges marang perusahaane.
Dene babagan teknis acara kerjabakti mau wis dipasrahake marang warga desane dhewe-dhewe. Saliyane masalah lingkungan, pehak pamarentah uga menehi imbauan marang para kades supaya tanggap marang penyakit-penyakit sing nduweni sifat wabah, kayata DBD lan diare. Amarga penyakit sing nduweni sifat wabah kuwi mau bakale cepet banget nular. Apa maneh ing mangsa rendheng ngene iki.
Djoko nerangake supaya wargane tanggap marang wabah penyakit sing mbebayani kuwi mau. Dadi umpama ana salah sawijining warga sing kena penyakit kasebut, kudu gage-gage nglaporake kedaden mau marang instansi sing ana gandheng cenenge kaya Puskesmas utawa Rumah Sakit Daerah. Djoko ngandharake menawa laporan pelaksanaan kegiyatan kasebut bakal dijaluk mbesuk Maret 2014.

Cerita Rakyat Jawa Timur

Asal-Usule Kutha Surabaya
Kutha Surabaya sing saiki dadi kutha gedhe lan rame, jaman biyene awujud segara kang amba. Ing segara mau kerep banget dinggo adu kasekten antarane iwak hiu sura lan baya. Kalorone padha padudon ngrebutake mangsa. Antarane hiu sura lan baya kalorone padha kuwate, padha sektine, lan padha rakuse. Saben-saben kalorone padha padudon, ora ana salah sijine sing menang. Akhire Hiu Sura lan Baya nganakake prajanjen.
“He Baya, aku ki wis bosen yen saben dina kudu padu lan gelut terus karo kowe,” kandhane Hiu Sura
“Aku padha bosene karo kowe. Terus kepriye?” pitakone Baya.
Hiu Sura wis nduweni pikiran suapaya perkarane karo baya enggal rampung. Dheweke banjur nerangake marang Baya “Mangkene supaya awake dhewe ora terus padu, kepriye yen segara iki dibagi loro wae? Aku nguwasani kabeh sing ana ing njero segara, dene kowe sing ana ing njaban segara. Dadi aku bakal golek mangsa sing ana ing njero segara dene kowe nggolek mangsa sing ana ing dharatan. Supaya ora dadi sengketa, mula wates antarane dharatan lan segara kudu ditentokake, yaiku papan kang dilewati banyu segara nalika pasang lan surut.”
Sawise ana prajanjen mau, ora ana maneh keprungu padudone Hiu lan Baya. Kalorone wis sepakat sedya njaga lan ngurmati wilayahe dhewe-dhewe. Sawijining dina kanthi ndhelik-ndhelik Hiu golek mangsa ing kali sing dadi wilayahe Baya. Mulane Baya ora ngerti tumindake Hiu Sura sing culas iki. Nanging suwening-suwe Baya ngerti menawa Hiu Sura wis nglanggar prajanjen.
“Heh Sura! Kenangapa kowe wani golek mangsa ing papan kene? Berarti kowe wis nglanggar prajanjen sing biyen wis dimupangati,” Baya nesu marang Sura.
Krungu omongane Baya, Sura meneng wae lan ora ngrasa salah. “Ngapa kok aku nglanggar prajanjen? Kali iki kan enek banyune, kamangka papan sing ana banyune bakal dadi wilayahku,” kandhane Hiu Sura.
“Ora bisa! Kali ka nana ing dharatan. Sing dadi wilayahmu iku mung segara saisine. Kudune kali iki dadi wilayahku,” Baya sansaya nesu.
“Aku ora tau kandha marang kowe yen aku mung nguwasani wilayah segara thok. Wis samesthine kai iki dadi wilayahku,” kandhane Sura ora gelem kalah.
“He Sura, apa kopikir aku iki goblog banjur kowe bisa sakepenakmu dhewe? Kowe pancen sengaja golek perkara karo aku. Aku ora goblog kaya dene anggepanmu.”
“Ora ana urusan kowe kuwi goblog apa pinter. Sing penting kali iki dadi wilayahku. Aja pisan-pisan kowe wani mara rene maneh he Baya!” kandhane Sura kanthi sante.
“Berarti kowe pancen nduwe niat sing ora apik. Sanyatane prajenjen wis kolanggar. Saiki prajanjen sing biyen dibatalake wae. Sapa antarane awake dhewe sing nduwe kasakten lan sapa sing paling hebat, kuwi sing bakal dadi panguwasa tunggal,” sentake Baya.
Krungu omongane Baya, Sura panas kupinge. Kalorone banjur padha gelut, adu kasekten lan kakuwatan, nggebuk, ngantem, nyokot, lan nglabruk. Swara perange Baya lan Sura iki nganti keprungu tekan ngendi-endi. Ora nganti suwe, segara sing dadi papan perange Baya lan Sura banyune dadi abang gupak getih. Kalorone padha gelut nganti mati-matian. Buntute Baya sing sisih kiwa dicokot dening Hiu nganti buntute kapeksa dikipatake ngiwa. Mangkono uga buntute Hiu Sura, dicokot Baya nganti arep tugel. Sura banjur lunga bali menyang segara. Baya seneng amarga dheweke menang lan bisa nylametake wilayah kekuwasaane.
Suwening suwe segara mau banjur dadi dharatan sing saiki diarani Surabaya. Dijenengake Surabaya amarga biyene dadi papan sing direbutake dening Hiu Sura lan Baya. Mula kuwi lambange kutha Surabaya yaiku iwak Sura sing lagi dicokot buntute dening Baya lan Baya sing lagi dicokot buntute dening Sura.
Mangkono iku dongeng asal-usule kutha Surabaya. Saiki kutha Surabaya dadi kutha sing rame, pusat perdagangan, pusat perindustrian lan klebu kutha sing maju ing wilayah jawa Timur.