Jaka Kendhil
Jaman biyen, ana wanita tuwa kang
urip mung karo putrane. Bocah lanang kui mau elek rupane lan uga ringkes. Mula aja
gumun, yen bocah kasebut asring diarani Jaka Kendhil dening masarakat sakiwa
tengene. Kendhil dhewe iku sejatine jeneng perkakas pawon awujud pot sing
digunakake kanggo masak sega. Ana kamiripan bentuk awak bocah lanang mau karo
kendhil sing ndadekake bocah kasebut dijenengi Jaka Kendhil dening uwong-wong. Sanajan
awake bocah lanang mau ora sampurna, wanita tuwa iku tetep tresna marang anake.
Nyatane, kabeh panjalukane bocah iku mesthi dituruti.
Sawijining dina, Jaka Kendhil nyuwun
marang wong tuwane kanggo nglamarake sawijining wanita kang ayu rupane kang
dadi pilihan atine. Wanita kui mau yaiku Putrine Raja saka keraton Mandura.
Krungu panyuwune Jaka Kendhil, wong tuwane mau kaget banget. Banjur ngandika:
“Elingen sopo sampeyan, Jaka. Lan
elinga kaya ngapa rupane awakmu iku.”
“Mboten napa-napa, Ibu. Oalah, kula
namung nyuwun ibu supados nglamarake putri kang dadi pilihan atiku, “jarene
Jaka Kendil.
Kanthi rasa kuwatir, Ibune netepi
kekarepane Jaka Kendhil, putra siji-sijine kang ditresnani. Ibune mara menyang
keraton Mandura, banjur dening punggawa dheweke digawa ngadhepi Raja. Cekake
crita, Raja iki nduwe anak telu wadon kabeh. Telu-telune nduweni rupa kang ayu.
Putri Raja mau duwe jeneng Kenanga, Seruni, lan Melati. Kanthi mangu-mangu,
Ibune Jaka Kendhil kasebut nerangake marang Raja menawa dheweke kepengin
njodhohake salah sawijining putri raja mau karo anake, Jaka Kendhil.
Krungu kekarepane wong tuwa kang
lagi lungguh ning ngarepe, Raja mau ora nesu. Nanging, dheweke nyritakake
maksud wanita tuwa kasebut marang telu putrine. Ing antarane telu putri mau,
mung putri sing paling enom kang aran Melati sing gelem nampa lamarane Ibune
Jaka Kendhil. Putri sing mbarep lan sing nomer loro ora trima amarga ngerti
sapa sejatine Jaka Kendhil.
“Aku ora sudi Rama, nduweni bojo
kang ala rupane lan ireng kulite kaya ngono iku,” ature Putri Kenanga.
“Aku uga emoh nduwe bojo sing awake
cendhek cempluk kaya ngono. Aku ayu, lan kudune sing dadi bojoku iku wong
lanang sing bagus lan gagah dhuwur.” Ature Seruni
Nanging nalika tiba wancine Melati,
putri ragil ingkang matur, ora disangka lan ora dinyana, jebul lamarane Jaka
Kendhil mau ditampa. “Kula purun dados garwane Jaka Kendhil, Rama. Senajan ala
rupane, nanging kangmas Jaka kendhil niku gadhah ati ingkang sae”, tuture
Melati.
Sawise lamarane Jaka kendhil ditampa, banjur dianake
upacara ngantenan antarane Jaka Kendhil lan Putri Ragile Raja mau. Raja
nganakake pesta nganti telung dina telung wengi kanthi ngundang kabeh rakyat
sakiwa tengene kerajaan. Akeh omongan sing rapenak saka wong kang teka menawa
sang Putri Raja kuwi mau mesakke amarga nduwe bojo kang ala rupane.
Nganti omah-omah, Jaka kendhil uga isih diece dening
sedulure bojone. Jaka Kendhil ora tau dianggep lan degething dening
sedulur-sedulure Raja. Kui mau gawe atine Jaka Kendhil sedhih.
Sawijining dina, Raja nganakake sayembara.Jaka Kendhil
kepingin melu sayembara kuwi mau. Nanging, sayembara iki mung bisa ditindakake dening para ksatriya
kang gagah prakasa. Sayembara mau yaiku perlombaan balapan jaran. Kendhil
diolok-olok dening Raja, para prajurit kerajaan, lan para putri sedulure bojone.
Cekake crita, dina ditindakake sayembara mau teka. Raja lan
Permaisuri uga Para Putri lungguh ing panggung nonton lakune sayembara. Ora
katon ing kono Jaka Kendhil. Akeh para Pangeran kang bagus lan gagah dhuwur
kang melu sayembara.
“Deloken kae, kudune pangeran gagah dhuwur kae sing bakale
dadi bojoku. Cocok karo rupaku sing ayu iki,” tuture Kenanga karo nuding salah
sawijining pasarta sayembara.
“Iya, bagus banget ya mbak yu pangeran kae. Gagah dhuwur
lan resik kulitane. Aku uga gelem menawa dilamar dening pangeran kae. Ora kaya
Jaka Kendhil kang elek lan ngisin-isini.” kandhane Seruni karo nuding pangeran
kang padha karo sing disebut mbakyune.
Krungu omongane mbakyu-mbakyune kang ngelek-elek bojone,
Melati banjur ngendika, “Wis ben mbakyu. Senajan ala rupane, aku tresna karo
kangmas Jaka Kendhil amarga atine.” Kandhan kaya mangkono iku, Melati banjur
lunga saka panggung lan nggoleki Jaka Kendhil ing kamar. Nanging ing jero
kamar, bojone ora ana. Namung ana kendhil wadhah sega kang ana ing kono.
Melati bingung, kamangka mau bojone ana ing kamar.
Dumadakan, Pangeran bagus gagah dhuwur sing diduding dening mbakyu-mbakyune mau
mlebu ing kamare. Melati kaget.
“Sapa kowe? Kenangapa wani-wanine mlebu ing kamare wong
wadon sing wis duwe bojo?”
“Diajeng Melati, sejatine aku iki bojomu, Jaka Kendhil.”
Kandhane pangeran bagus mau karo nyedhaki Melati.
“Aja kurang ajar kowe! Lunga kana! Bojoku ora kaya kowe.
Aja ngaku-ngaku!”
“Diajeng, sejatine aku iki putrane Raja Angkasa kang kena kutukane penyihir. Aku isa mbalik ning wujud asliku menawa ana wanodya ayu kang tulus tresna marang awakku kang ala rupane. Maturnuwun diajeng, amarga tuluse atimu, aku bisa bali menyang wujud asliku.”
Sawise krungu katrangane Pangeran bagus kuwi mau, Putri Melati pungkasane percaya menawa wong lanang gagah kang dikagumi dening kabeh wanodya ing panggung sayembara mau pranyata bojone, Jaka Kendhil. Pungkasane, pasangan kasebut urip seneng selawase.
Dening : Indah Novitasari, S.S
Tidak ada komentar:
Posting Komentar