Keong Emas
Kira-kira wis setaun suwene desa dhadapan ngalami mangsa ketiga kang dawa. Karana kuwi gawe uripe warga katula-tula, dadi larang pangan lan akeh lelara. Ing dhadapan ana wong wadon tuwa seng urip dhewe tanpa anak lan tanpa sedulur yaiku mbok Randha. Kanggo nyambung uripe sabendinane, dheweke saba menyang alas kewan kanggo golek godhong-godhongan kang isa dimasak lan dipangan. Sanajan kahanan kaya ngono nanging mbok Randha ora tau nggresula. Malah saya nyaketake lan sregep ngibadah marang Gusti.
“ Duh Gusti paringana pepajar ing desa kula mugi-mugi ingkang kalis saking prahara punika.” Dongane Mbok Randha sawijining dina.
Sawijining esuk, mbok
Randha golek panganan menyang alas. Nalika lagi milang-miling, dheweke weruh
cumlorot cahya saka sak tengahing kali kang asat. “Cahya opo kuwi, kok cumlorot
kaya emas ?”, pitakone Mbok Randha ing batine, banjur nyedaki sumber cahya mau.
Bareng dicedaki,
jebule cahya cumlorot kuwi mau sawijining keong mas kang nyungsang ing
watu-watu kali. Keong mas iku digawa mulih tekan ngomah banjur dicemplungake
genthong. Mbok Randha menyang alas kaya biasane, nanging nasibe lagi apes.
Dheweke urung entuk krowodan utawa godhong-godhongan kang bisa dinggo kanca
sega dheweke. Nganti meh surup, Mbok Randha banjur mulih sanajan ora nggawa
apa-apa.
Sakwise leyeh-leyeh
ing emperan omah, dheweke menyang pawon menawa wae ana krowodan kang bisa
ngganjel weteng sing luwe. Mbok Randha kami tenggengen ngerti panganan kang ana
ing pawone. Atine kebak pitakon, sapa sing ngeteri panganan kuwi?
Kedaden kaya mangkono iku ora mung pisan. Ing
sabendina, lekase mbok Randha mulih saka alas wis cumepak panganan kang
enak-enak ing mejane.
Kahanan kaya mangkono
mau gawe Mbok Randha bingung. Dheweke penasaran, sapa sing saben dina ngeteri
panganan dheweke. Mula sawijining dina kanthi ngati-ati, Mbok Randha kepengin
ngerti sapa wong kang mlebu ing omahe. Dheweke mangkat lunga menyang alas,
nanging jebul ndhelik ing mburi omah.
Mbok Randha kaget ora
kinara, amarga nyawang Keong Mas kang dicekel saka alas mau metu saka genthong
lan malih dadi putri kang ayu rupane. Saben ditinggal Mbok Randha menyang alas,
Keong Mas mau malih wujud. Mbok Randha banjur nakoni sapa sejatine putri kang
ayu kuwi.
“Nduk, wong ayu
sliramu iki sapa kok nganti kedarang-darang ing alas lan jilma dadi Keong Mas?”
“Dipuntepangaken, nama
kula Candrakirana. Kula menika garwanipun Raden Inukertapati, Raden ing
Jenggala.” Jawabe keong mas.
“Lho kok bisa dadi
Keong Mas lan tumeka ing alas dhadapan kuwi larah-larahe kepiye tho cah ayu ?”,
pitakone Mbok Randha.
Banjur, Dewi
Chandrakirana njlentrehake menawa ing sawijining dina dheweke dicidra Raden Jin
Sakti kang kareb ngepek garwa. Ananging dheweke ora gelem nuruti kekarepane Jin
kuwi mau lan agawe jin kuwi muntab. Dewi Candrakirana sinebda dadi Keong Mas
banjur diguwang menyang kali, adoh saka Kraton Jenggala. Wekasane supoyo Dewi
Candrakirana ora bisa ketemu karo garwane, Raden Inukertapati.
Anehing kahanan ana
nalika kecemplungan Keong Mas, kaline dadi asat. Asate banyu kali mau jalari
Keong Mas nyungsang ing watu-watu nganthi arep nemahi tiwas. Bejane ditemu lan
diopeni karo mbok Randha Dhadapan. Mula kuwi supaya ora konangan dening Raden
Jin, Candrakirana ngrasa yen luwih aman menawa dheweke ndhelik ing omahe Mbok
Randha. Candrakirana nyuwun marang Mbok Randha supaya diaku anak, lan kanggo
mbales kabecikane Mbok Randha, Candrakirana bisa nyepaki Mbok Randha panganan
apa wae kang enak-enak supaya Mbok Randha ora perlu susah-susah golek krowodan
menyang alas maneh.
Mbok Randha nyaguhi
panyuwune Dewi Candrakirana. Amarga welas asihe Mbok Randha, uga amarga Dewi
Candrakirana iku wong wadon kang sugih budi. Saliyane iku, Mbok Randha uga
seneng, amarga saiki dheweke duwe anak wadon kang ayu. Dewi Candrakirana banjur
dijenengi Limaran.
Ing saktengahing
rerembugan, ana swara lanang dhodog-dhodog lawang. Mbok Randha banjur bukakne
lawang. Dhayoh kang sandhangane nuduhake punggawa kraton, crita menawa dheweke
diutus Raden Galih Inukertapati supoyo njaluk banyu kang diwadahi bokor
kencana. Mbok Randha banjur ngutus Limaran kanggo njupukake kendhi pratala kuwi
mau banjur diwenehake marang punggawa utusane Raden Inukertapati.
Nampa kendhi pratala
kang diwadahi bokor kencana, punggawa mau banjur bali menyang Keraton Jenggala
lan ngaturake kendhi mau marang Raden Inukertapati. Raden Galih Inukertapati
sauwat kaget amargi kelingan ora ana wong liya sing kagungan kendhi pratala
diwadhahi bokor kencana kajaba Dewi Candrakirana. Raden Galih Inukertapati
banjur ngajak para punggawa bali menyang Dhadhapan nemoni Limaran.
Kaya ngapa bungahe Raden
Inukertapati ketemu Limaran kang sejatine garwane dewe yaiku Dewi Candrakirana
kang wis suwe ilang. Ketemune Raden Inukertapati karo Dewi Candrakirana
dibarengi udan deres ing desa Dhadhapan. Tekane udan kuwi mau sakwise
pageblug ing desa Dhadhapan. Kabul panyuwune Mbok Randha Dhadhapan. Kali bali
mili maneh, tlaga agung, desa dadi subur lan reja.
Raden Inukertapati banjur nyuwun pamit marang Mbok Randha menawa badhe nggawa bali Dewi Candrakirana menyang keraton. Dheweke uga ngaturake uagunging panuwun marang Mbok Randha amarga sasuwene Dewi Candrakirana ilang, Mbok Randha sampun kersa lan lila legawa ngopeni Dewi Candrakirana.
Senadyan abot rasane kelangan anak kang ditresnani, nanging Mbok Randha uga mangerteni menawa Dewi Candrakirana bakale luwih bungah menawa kumpul maneh karo bojone. Mula Mbok Randha ngestokake lungane Dewi Candrakirana lan Raden Inukertapati. Pungkasane, kalorone urip bungah salawase.
Dening : Indah Novitasari, S.S
Tidak ada komentar:
Posting Komentar