Selasa, 16 Juli 2013

Pendidikan



Ing serat wedhatama karangane Mangkunagara IV ana ukara kang unine Urupe lan tri prakara, wirya arta tri winasis, kalamun kongsi sepi saka wilangan tetelu, telas tilasing janma, aji godhong jati aking. Iku mau nuduhake menawa pendhidhikan kuwi penting banget tumrape wong urip. Yen wong urip ora nduwe kepinteran, kekuasaan, lan bandha, ora ana gunane dheweke urip ing donya kaya godhong jati kang wis garing. Bakal nelangsa lan katula-tula uripe.
Kenangapa kok kapinteran didelehake ing buri dhewe sawise tembung wirya lan arta? Miturut panemuku, sanyatane ing jaman saiki wong sing ora duwe kakuasaan lan bandha ora bisa sekolah lan golek kepinteran.

1 komentar: