Asal-Usule Kutha Surabaya
Kutha Surabaya sing saiki dadi kutha gedhe lan rame, jaman biyene awujud segara kang amba. Ing segara mau kerep banget dinggo adu kasekten antarane iwak hiu sura lan baya. Kalorone padha padudon ngrebutake mangsa. Antarane hiu sura lan baya kalorone padha kuwate, padha sektine, lan padha rakuse. Saben-saben kalorone padha padudon, ora ana salah sijine sing menang. Akhire Hiu Sura lan Baya nganakake prajanjen.
“He Baya, aku ki wis bosen yen saben dina kudu padu lan gelut terus karo kowe,” kandhane Hiu Sura
“Aku padha bosene karo kowe. Terus kepriye?” pitakone Baya.
Hiu Sura wis nduweni pikiran suapaya perkarane karo baya enggal rampung. Dheweke banjur nerangake marang Baya “Mangkene supaya awake dhewe ora terus padu, kepriye yen segara iki dibagi loro wae? Aku nguwasani kabeh sing ana ing njero segara, dene kowe sing ana ing njaban segara. Dadi aku bakal golek mangsa sing ana ing njero segara dene kowe nggolek mangsa sing ana ing dharatan. Supaya ora dadi sengketa, mula wates antarane dharatan lan segara kudu ditentokake, yaiku papan kang dilewati banyu segara nalika pasang lan surut.”
Sawise ana prajanjen mau, ora ana maneh keprungu padudone Hiu lan Baya. Kalorone wis sepakat sedya njaga lan ngurmati wilayahe dhewe-dhewe. Sawijining dina kanthi ndhelik-ndhelik Hiu golek mangsa ing kali sing dadi wilayahe Baya. Mulane Baya ora ngerti tumindake Hiu Sura sing culas iki. Nanging suwening-suwe Baya ngerti menawa Hiu Sura wis nglanggar prajanjen.
“Heh Sura! Kenangapa kowe wani golek mangsa ing papan kene? Berarti kowe wis nglanggar prajanjen sing biyen wis dimupangati,” Baya nesu marang Sura.
Krungu omongane Baya, Sura meneng wae lan ora ngrasa salah. “Ngapa kok aku nglanggar prajanjen? Kali iki kan enek banyune, kamangka papan sing ana banyune bakal dadi wilayahku,” kandhane Hiu Sura.
“Ora bisa! Kali ka nana ing dharatan. Sing dadi wilayahmu iku mung segara saisine. Kudune kali iki dadi wilayahku,” Baya sansaya nesu.
“Aku ora tau kandha marang kowe yen aku mung nguwasani wilayah segara thok. Wis samesthine kai iki dadi wilayahku,” kandhane Sura ora gelem kalah.
“He Sura, apa kopikir aku iki goblog banjur kowe bisa sakepenakmu dhewe? Kowe pancen sengaja golek perkara karo aku. Aku ora goblog kaya dene anggepanmu.”
“Ora ana urusan kowe kuwi goblog apa pinter. Sing penting kali iki dadi wilayahku. Aja pisan-pisan kowe wani mara rene maneh he Baya!” kandhane Sura kanthi sante.
“Berarti kowe pancen nduwe niat sing ora apik. Sanyatane prajenjen wis kolanggar. Saiki prajanjen sing biyen dibatalake wae. Sapa antarane awake dhewe sing nduwe kasakten lan sapa sing paling hebat, kuwi sing bakal dadi panguwasa tunggal,” sentake Baya.
Krungu omongane Baya, Sura panas kupinge. Kalorone banjur padha gelut, adu kasekten lan kakuwatan, nggebuk, ngantem, nyokot, lan nglabruk. Swara perange Baya lan Sura iki nganti keprungu tekan ngendi-endi. Ora nganti suwe, segara sing dadi papan perange Baya lan Sura banyune dadi abang gupak getih. Kalorone padha gelut nganti mati-matian. Buntute Baya sing sisih kiwa dicokot dening Hiu nganti buntute kapeksa dikipatake ngiwa. Mangkono uga buntute Hiu Sura, dicokot Baya nganti arep tugel. Sura banjur lunga bali menyang segara. Baya seneng amarga dheweke menang lan bisa nylametake wilayah kekuwasaane.
Suwening suwe segara mau banjur dadi dharatan sing saiki diarani Surabaya. Dijenengake Surabaya amarga biyene dadi papan sing direbutake dening Hiu Sura lan Baya. Mula kuwi lambange kutha Surabaya yaiku iwak Sura sing lagi dicokot buntute dening Baya lan Baya sing lagi dicokot buntute dening Sura.
Mangkono iku dongeng asal-usule kutha Surabaya. Saiki kutha Surabaya dadi kutha sing rame, pusat perdagangan, pusat perindustrian lan klebu kutha sing maju ing wilayah jawa Timur.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar