Rabu, 19 Februari 2014

Wacan Bab Lingkungan

Limbah Batik

    Sekitar 50% usaha batik ing wilayah Desa Pilang durung kahubung karo Instalasi Pengelolaan Air Limbah (IPAL) kang ana ing wilayah kasebut. Pemerintah desa ing kono wis negesake menawa wis ngejokake bantuan dana kanggo pembangunan IPAL.
Kades Pilang, Suwanto ngandharake yen ing wilayahe ana sekitar 40 usaha batik wiwit batik tulis, batik cap, lan batik printing. Usaha-usaha batik mau kasebar ing kabeh dhukuh ing Desa Pilang. “Pengusaha ing kene saya suwe saya tambah. Malah-malah kadang nom-noman saiki akeh sing padha melu nerusake usahane wong tuwane,” kandhane nalika ditemoni ing kantore, Rebo 8 Januari 2014. Suwanto nerangake, saka puluhan usaha kasebut, ana watara rongpuluhan usaha batik kang wis kahubung karo IPAL terpadu. Pembangunan IPAL mau dibiayai dening Kementrian Lingkungan Hidup lan mulai difungsekake wiwit 2013. “IPAL kuwi nyakup pengrajin kang ana ing Dhukuh Pilang Lor, Pilang Tengah lan Pilang Kidul,” kandhane.
Wondene, usaha batik ing dhukuh liyane kaya dhukuh Jati, lan jantran nganti saiki isih nindakake pencemaran lingkungan kanthi ngguwak limbah ing lingkungan, kaya ing kalenan, sawah, lan kali Bengawan Solo. “Awake dhewe iki lagi arep ngupayakake oleh bantuan saka Kementrian Lingkungan Hidup. Iki lagi nyiapake papan kanggo mbangun IPAL kang diusahakake papan kasebut ora ana masalah karo warga sekitar utawa pemerintah.”
    Suwanto ngandharake menawa pembangunan IPAL kanthi cara swadaya angel dileksanakake. Amarga ragat kanggo mbangun sa-IPAL iku nganti atusan yuta rupiah. Tur maneh papan panggonan saben-saben usaha saka panggonan IPAL iku lumayan adoh.
Disenggol bab cara liya kanggo nyegah pencemaran lingkungan amarga limbah batik, Suwanto ngandharake menawa wis ana imbauwan marang pengusaha batik babagan nggunakake pewarna sing alami. Ananging, nganti saiki sing gelem nggunakake pewarna alami isih isa diitung nganggo driji. “Pancen durung kabeh sing gelem nganggo pewarna alami. Beda karo tuku obat pewarna sing instan amarga bisa langsung digunakake. Wondene yen nganggo pewarna alami, isih kudu golek bahan liya-liyane lan kudu diolah dhewe”, kandhane.
Salah sawijining pengusaha batik saka Jantran, Krisni, nuturake yen dheweke wis nggunakake pewarna alami saka bahan kayu teger. Ananging dheweke uga isih nggunakake pewarna kimia. “Pewarna kimia iku luwih nguntungake amarga proses pewarnaan bisa luwih cepet. Nggunakake pewarna alami iku pancen luwih murah, nanging yen kudu ngoyak target aku ora bisa nggunakake pewarna alami amarga prosese iku luwih suwe.” Krisni uga ngaku yen nganti saiki usahane durung kehubung karo IPAL lan isih ngguwak limbah ing kalen.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar