Banjir ing Desa
Mangsa rendheng tahun iki ora bakal bisa daklalekake. Udan sing niba pancen deres banget. Apa maneh nalika dina kemis wingi. Udan wiwit esuk nganti wengi ora ana lerene. Udan deres sing ora mandheg kuwi mau sing njalari banjir ing desaku.
Wengi iku aku lan kaluwargaku turu rada gasik amarga hawa kang adhem. Wetara jam sewelas nalika wong-wong ing desaku isih padha turu, dumadakan keprungu swara kenthongan kang dithuthuk dening Pak Diman sing entuk jatah rondha. “Banjir....Banjir....Banjir....”, pambengoke pak Diman.
Saomah banjur padha tangi lan padha nylametake barang-barange dhewe-dhewe. Aku ngewangi ibuku mbunteli klambi lan emas-emasan. Barang-barang banjur diusungi diunggahake ing panggonan kang luwih dhuwur. Kahanan wektu kuwi semrawut banget. kabeh wong padha kekiter bingung anggone golek papan pangonan kang aman. Aku lan keluwargaku isih beja amarga omahku tingkat. Mula bapakku banjur ngajak tangga teparo supaya nitipake barang-barange ing omahku.
Banjir sawengi nganti saweteng dhuwure. Nganti awan wetara jam sewelas kae banyu lagi surut. Kabeh kedaden mau ana gandheng cenenge karo tumindake para warg sing seneng ngguwak larahan ing kali. Mula nalika udan deres, kaline buntet amarga kebak larahan. Sawise banjire surut, para warga banjur kerja bakti ngresiki desa. Wiwit saka ngeruki larahan sing mbunteti iline kali lan ngresiki larahan sing ana ing dlaan-dalan. Sawise kedaden wengi iku, saiki para warga banjur sadhar lan ora ngguwak larahan ana kali maneh.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar